Make a donation Talk Fusion Saling Memberi

Ronggo Warsito

Rejeki iku ora iså ditiru... (Rejeki itu tidak bisa ditiru)

Senajan pådå lakumu...,(Walaupun sama jalanmu)

Senajan pådå dodolan mu..., (Walau sama jualanmu)

Senajan pådå nyambut gawemu...,(Walau sama pekerjaanmu)...

Kasil sing ditåmpå bakal bedå2...., (Hasil yang diterima akan berbeda satu sama yang lain)

Iså bedå nèng akèhé båndhå..., (Bisa lain dalam banyaknya harta)

Iså ugå ånå nèng Råså lan Ayemé ati, (Bisa lain dalam rasa bahagia dan ketenteraman hati)

Yåaa iku sing jenengé bahagia...., (Ya... itulah yang namanya bahagia)


Kabèh iku såkå tresnané Gusti kang måhå kuwåså....., (Semua itu atas kasih dari Tuhan Yang Maha Kuasa)

Såpå temen bakal tinemu..., (Barangsiapa yang bersungguh-sungguh akan menemukan)

Såpå wani rekåså bakal nggayuh mulyå... , (Barangsiapa berani bersusah payah akan menemukan kemuliaan)

Dudu akèhé, nanging berkahé kang dadèkaké cukup lan nyukupi....., (Bukan banyaknya, melainkan berkahnya yang menjadikan cukup dan mencukupi)

Wis ginaris nèng takdiré menungså yèn åpå sing urip kuwi wis disangoni såkå sing kuwåså. (Sudah digariskan takdir bahwa semua yang hidup itu sudah diberi bekal oleh Yang Maha Kuasa)

Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak kåyå angin sing disedhot bendinané...., (Jalan hidup dan rejeki tersedia dekat seperti udara yang kita hirup setiap harinya)

Nanging kadhang menungså sulap måtå lan peteng atiné, sing adoh såkå awaké katon padhang cemlorot ngawé-awé, (Tetapi kadang silau mata dan gelap hati, yang jauh kelihatan berkilau dan menarik hati)

Nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung jawabé disiå-siå kåyå orå duwé gunå..., (Tetapi yang dekat didepannya dan menjadi tanggungjawabnya disia-siakan seperti tak ada guna)

Rejeki iku wis cemepak såkå Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé menungså såkå lair tekané pati...., (Rejeki itu sudah disediakan oleh Tuhan, tidak bakal berkurang untuk mencukupi kebutuhan manusia dari lahir sampai mati)

Nanging yèn kanggo nuruti karep menungså sing ora ånå watesé, rasané kabèh cupet, nèng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet. (Tetapi kalau menuruti kemauan manusia yang tidak ada batasnya, semua dirasa kurang, membuat ruwet di hati dan pikiran)

Welingé wong tuwå, åpå sing ånå dilakoni lan åpå sing durung ånå åjå diarep-arep, semèlèhké lan yèn wis dadi duwèkmu bakal tinemu, yèn ora jatahmu, åpå maneh kok ngrebut såkå wong liyå nganggo cårå sing ålå, yå waé, iku bakal gawé uripmu lårå, rekåså lan angkårå murkå sak jeroning kaluwargå, kabeh iku bakal sirnå balik dadi sakmestiné.  (Petuah orangtua. Jalanilah apa yang ada didepan mata dan jangan terlalu berharap lebih untuk yang belum ada, kalau memang milikmu pasti akan ketemu. Kalau bukan jatahmu, apalagi sampai merebut milik orang memakai cara tidak baik, itu akan membuat hidupmu merana sengsara dan angkara murka, semua itu akan sirna kembali ke asalnya)

Yèn umpåmå ayem iku mung biså dituku karo akèhé båndhå dahnå rekasané dadi wong sing ora duwé..., (Seumpama ketenteraman itu bisa dibeli dengan harta, alangkah sengsaranya orang yang tidak punya)

Untungé ayem isà diduwèni såpå waé sing gelem ngleremké atiné ing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahké uripé marang GUSTI KANG MURBENG DUMADI…, (Untungnya ketenteraman bisa dimiliki oleh siapa saja yang tidak mengagungkan keduniawian, suka menolong orang lain dan mensyukuri hidupnya)

No comments:

Post a Comment